LABEL

KARTUN (87) KARIKATUR (40) ILUSTRASI (28) POSTER (25) PENSIL (21) klaten komik (20) WS RENDRA (10) SKETSA (7) TULISAN (6) YANG (6) PUISI 2 (5) PUISI (4) KAOS T SHIRT (2)

untuk anak neger

Rabu, 01 Februari 2012

njaring wader

Dino minggu esuk…srengenge lagi wae jumedul. Tumuju menyang kali cilik sak pinggiring sawah, thingak-thinguk sedela, banjur nyemplung. Banyu kalen katon bening , jerone setengah dengkul. Iwak wader pating sliwer, yuyu ndepipis ing antaraning watu cilik, godhong pring garing kemrampul melu ilining banyu. Sruttt…besek, kang isih ono sisane upo berkat, tumuju ning panggonane iwak wader. Besek nuli ka angkat, iwak wader pating pencolot, siji loro katutan urang uga cethul. Sawetara wektu wader, cethul uga urang wis nyemplung ono plastik kresek. Kiro-kiro separo plastik kresek kurang saitihik. Wis cukup, nuli mentas saka kali. Mulih, njujug pawon, mbokne bocah-bocah lagi urup-urup ono sak ngarepe keren. Sreng….sreng….swarane wader, urang, cethul di cemplungake ono wajan. Ora suwe wernane malih dadi coklat, katon garing.
Dino minggu esuk…bebarengan sak batih mangan iwak wader goring kang kecampuran urang ugo cethul. Ora lali sambel trasi, tomat mentah.
Yo ing dino minggu esuk.
Ds.nugroho
Februari 2012


Tidak ada komentar:

Blogger news

Blog Archive